Jago Jawa Lan Jago
Bangkok
Sawijining
dina jago kandha karo jago Bangkok. “kepriye to kok, nasibku kok sial. Ora kaya
kowe tansah diopeni mung kari mangan lan turu. Kosok baline karo aku, yen ora
ceker-ceker dhewe kelakon kaliren tenan.”
“rumangsamu
aku penak wa! Aku iki rekasa tansah dikurung kaya ngene. Malah kowe bisa bebas
dolan mrana-mrene,” wangsulane jago Bangkok.
“ya
genah penak kowe kok, esuk wis didusi, didulang iwak mentah
lan sega anget. Kowe kari klurak-kluruk,” kandhane jago jawa banjur ninggalake
jago Bangkok. Ing batin jago jawa tetep meri karo nasibe jago Bangkok.
Jago
jawa wadhul karo jago kate. “te, padha-padha jago sing penak dhewe jago Bangkok.
Ora rekasa golek pangan, wis diopeni saben dina.”
”ah,
kowe kuwi kurang nrima ing pandum wa. Aja kabegjaning liyan mundhak
ngebot-ngeboti dhewe,” pitutur jagon kate marang jago jawa. Jago kate lan jago
jawa banjur padha ceker-cekergolek isine weteng. Sawetara kuwi keprungu kluruke
jago Bangkok ngganther tanpa kendhat
sebab wis wareg wetenge.
Dina
esuke ora keprungu kluruke jago Bangkok. Tibake jago Bangkok ndhekem wae. Cenggere kebak tatu. Matane bengep.
Raine cacah-rucah kebak getih. Wingi sore
jago Bangkok mentas diedu bendarane. Jago Bangkok kalah, bendarane gela, esuk kuwi
jago Bangkok ora diopeni lan ora dipakani. Niyate arep dibeleh.
Tenan,
anake bendarane metu saka ngomah nggawa lading
landhep. Kate sing meruhi kadadeyan kuwi
banjur kandha marang jago jawa.
“galo
wa, delengen nasibe Bangkok! Tarung kalah, terus
ora diopeni. Malah saiki dibeleh. Apa kowe isih meri karo nasibe Bangkok?”
“wah or ate, mesake tenan nasibe Bangkok saiki”,
wangsulane jago jawa karo ing batin ngelenggana kudu nrima ing pandum aja gampang meri kabegjane liyan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar